Jabur 93 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 93

Pangeran Yehuwah Ratu kang langgeng

93:1-5

1. Pangeran Yehuwah iku jumeneng raja, abusana kamulyan,Pangeran Yehuwah busana lan apaningset kasantosan.Sanyata bumi wus jejeg ora gonjang-ganjing.

2. Dhampar Paduka jejeg wiwit kala rumiyin,wiwit ing kalanggengan Paduka sampun wonten.

3. Dhuh Yehuwah, lepen-lepen sami kumrasak,lan sami ngulukaken swaranipun,saha sami ngulukaken jumleguripun.

4. Pangeran Yehuwah ngebat-ebati banget ana ing ngaluhur,ngungkuli kumrasaking banyu agung,ngluwihi jumleguring alun ing segara.

5. Pranatan Paduka sanget kenceng,padaleman Paduka sampun sapantesipun manawi suci,dhuh Yehuwah, kangge ing salaminipun.