Jabur 2 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 2

Ratu kang jinebadan dening Sang Yehuwah

2:1-12

1. Geneya para bangsa padha mampang-mampang wringuten,lan para suku bangsa padha ngangen-angen kang tanpa guna?

2. Para raja ing bumi padha siyaga ing peranglan para panggedhe sakuthonarep ngayoni Sang Yehuwah lan Sang Jebadane, pangucape:

3. “Payo padha medhot dhadhungelan mbuwang kendharate.”

4. Panjenengane kang lenggah ana ing swarga iku gumujeng,Sang Yehuwah moyoki wong-wong mau.

5. Nuli padha didhawuhi kalawan bendulan digirisake kalawan bramantyane:

6. “Ingsun kang wus ngadegake ratuningSunana ing Sion, gunungingSun kang suci.”

7. Aku arep ngandhakake kekancingane Sang Yehuwah;pangandikane marang aku: “Sira iku putraningSun!Ingsun kang mutrakake Sira ing dina iki.

8. Sira nyenyuwuna marang Ingsun,mesthi Sira Sunparingi para bangsa dadi pusakanira,lan pungkasaning bumi dadi darbekira.

9. Iku bakal Sira ejur kalawan gada wesi,bakal Sira remuk kaya grabahing kundhi.”

10. Mulane, he para raja, padha tumindaka kang wicaksana;para hakim ing bumi, padha ngrungokna marang pepeling!

11. Padha ngabektia marang Sang Yehuwah kanthi pakering;lan sungkemana sampeyane kanthi gumeter,

12. supaya Panjenengane aja paring deduka, temah kowe tumpes ana ing dedalan,amarga bebendune gampang banget anggone mulad-mulad.Rahayu sakehing wong kang ngungsi marang Panjenengane!