Jabur 23 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 23

Gusti Allah iku pangen kang utama

23:1-6

1. Masmur anggitane Prabu Dawud.Sang Yehuwah iku pangenku, aku ora kekurangan apa-apa.

2. Aku diplegungake ana ing pangonan kang akeh sukete,aku digiring menyang ing banyu ing panggonan kang tentrem;

3. nyawaku diayemake,sarta dituntun ing dalaning kabeneranmarga saka asmane.

4. Malah sanadyan lumaku ana ing jurang palimenganing pati,aku ora wedi marang bilai,margi Paduka ingkang nganthi kawula;teken Paduka saha lantaran Paduka punika sami nglipur kawula.

5. Paduka nata pasegahan kangge kawula,wonten ing ngajengipun satru kawula;sirah kawula Paduka jebadi kaliyan lisah,tuwung kawula kebak mancep-mancep.

6. Amargi namung kabegjan lan kadarman thok ingkang badhe ngirid lampah kawula,salaminipun gesang,saha kawula badhe manggen wonten ing padalemaning Sang Yehuwah ing salaminipun.