Jabur 136 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 136

Sih-susetyaning Allah marang bangsa Israel

136:1-26

1. Padha saosa puji marang Pangeran Yehuwah, sabab Panjenengane iku becik!awit langgeng sih-kadarmane.

2. Padha saosa puji marang Allahe para allah,awit langgeng sih-kadarmane.

3. Padha saosa puji marang Gustine para gusti,awit langgeng sih-kadarmane.

4. Marang Panjenengane kang nindakake kaelokan gedhe piyambakan,awit langgeng sih-kadarmane.

5. Marang Panjenengane kang nitahake langit kalawan kawicaksanan,awit langgeng sih-kadarmane.

6. Marang Panjenengane kang njereng bumi kadhasaran banyu,awit langgeng sih-kadarmane.

7. Marang Panjenengane kang nitahake barang-barang kang madhangi kang gedhe ing langit,awit langgeng sih-kadarmane.

8. Srengenge kang mengku raina,awit langgeng sih-kadarmane.

9. Sarta rembulan lan lintang-lintang kang mengku ing wayah bengi,awit langgeng sih-kadarmane.

10. Kang mejahi para pembarepe wong Mesir,awit langgeng sih-kadarmane.

11. Lan ngirid Israel metu saka ing satengahe,awit langgeng sih-kadarmane.

12. Sarana asta kang rosa lan kalawan ngayatake lengene,awit langgeng sih-kadarmane.

13. Segara Teberau dipiyak dadi loro,awit langgeng sih-kadarmane.

14. Lan nyabrangake Israel metu ing tengahe,awit langgeng sih-kadarmane.

15. Sang Pringon sawadya-balane dikelemake ana ing segara Teberau,awit langgeng sih-kadarmane.

16. Gusti Allah kang ngirid lakune umate metu ing segara wedhi,awit langgeng sih-kadarmane.

17. Kang ngasorake perange raja gedhe-gedhe,awit langgeng sih-kadarmane.

18. Para ratu kang mulya padha dipateni,awit langgeng sih-kadarmane.

19. Sihon, ratune bangsa Amori,awit langgeng sih-kadarmane.

20. Lan Og, ratu ing Basyan,awit langgeng sih-kadarmane.

21. Tanahe banjur diparingake dadi pusakane,awit langgeng sih-kadarmane.

22. Dadi pusakane Israel, abdine,awit langgeng sih-kadarmane.

23. Gusti Allah kang ngengeti kita sajroning kaasoran,awit langgeng sih-kadarmane.

24. Padha diluwari saka ing tangane mungsuh kita,awit langgeng sih-kadarmane.

25. Apadene paring pangan marang sakehing makhluk,awit langgeng sih-kadarmane.

26. Padha saosa puji sokur marang Gusti Allahing swarga,awit langgeng sih-kadarmane.