Jabur 121 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 121

Pangeran Yehuwah, kang rumeksa bangsa Israel

121:1-8

1. Kidung jiyarah.Mripatku tumenga marang gunung-gunung;pitulunganku iku pinangkane saka ing ngendi?

2. Pitulunganku iku pinangkane saka Sang Yehuwah,kang nitahake langit lan bumi.

3. Panjenengane ora bakal marengake yen sikilku gloyoran,kang ngreksa kowe ora bakal ngantuk.

4. Sayektine kang ngreksa Israel ora ngantuklan ora sare.

5. Pangeran Yehuwah iku kang ngreksa kowe,Pangeran Yehuwah iku pangayomanmu ana ing tengenmu.

6. Srengenge ora bakal nglarani kowe ing wayah awan,utawa rembulan ing wayah bengi.

7. Kowe bakal direksa dening Sang Yehuwah, tumrap ing sakehing bilai;nyawamu direksa.

8. Pangeran Yehuwah bakal ngreksa marang lebu lan wetumu,wiwit ing samengko tumeka ing delahan.