Jabur 48 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 48

Sion, kuthane Gusti Allah

48:1-15

1. Kidungan. Masmur anggitane bani Korakh.

2. Pangeran Yehuwah iku Mahaagung lan luwih dening pinuji-pujiana ing kuthane Gusti Allah kita!

3. Gununge kang suci, kang munggul endah,iku minangka kasenenganing sajagad rat;gunung Sion iku prenahe adoh ing sisih lor,kuthane Sang Nata Agung.

4. Ana ing kadhaton-kadhatoneGusti Allah nedahake manawa Panjenengane iku dadi beteng.

5. Amarga awasna, para raja padha ngumpul,sarta padha bebarengan mangsah nempuh;

6. bareng padha ndeleng marang kutha iku padha kaebatan;kaget, banjur padha mlayu sarsaran.

7. Dumadakan padha geter ana ing kono,padha lara kaya wong wadon kang nglarani arep duwe anak.

8. Paduka ngremuki baita-baita Tarsis,kaliyan prahara saking wetan.

9. Kayadene pangrungu kita, iya kaya mangkono pandeleng kita,ana ing kuthaning Yehuwah, Gustine sarwa tumitah,ing kuthaning Allah kita;Gusti Allah kang nyantosakake iku langgeng ing salawase. (Selah)

10. Dhuh Allah, wonten ing padaleman Paduka,kawula sami ngenget-enget dhateng sih-kadarman Paduka.

11. Dhuh Allah, kadosdene asma Paduka, makaten ugi misuwur Paduka,ngantos dumugi ing pungkasaning bumi,asta tengen Paduka kebak kaadilan.

12. Redi Sion kajengipun abingah-bingah;para putrinipun Yahuda kajengipun asurak-surakmargi saking paukuman Paduka!

13. Padha lumakua ngubengi Sion, padha ngubengana sakempute,etungen menarane,

14. tamatna balowartine,dlajahana kraton-kratone,supaya kowe padha bisa nyaritakake marang anak-putu.

15. Sanyatane iki Gusti Allah,iya Panjenengane iku Allah kita ing sabanjure lan ing salawase!Iya Panjenengane iku kang nuntun kita.