Jabur 117 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 117

He sakehe bangsa padha ngluhurna Pangeran Yehuwah

117:1-2

1. He sakehing bangsa, padha ngluhurna Pangeran Yehuwah,padha ngalembanaa Panjenengane,he sakehing suku bangsa!

2. Awit sih-kadarmane iku ngedab-edabi tumrap kita,sarta kasetyane Sang Yehuwah iku langgeng ing salawas-lawase.Haleluya!