Jabur 110 Kitab Sutji (JAV)

MASMUR 110

Jumenenge Ratu-Imam

110:1-7

1. Masmur anggitane Prabu Dawud.Pangandikanipun Pangeran Yehuwah dhateng Gusti kawula makaten:“Sira lenggaha ana ing tengeningSun,nganti tumeka mungsuhirawus padha Sundadekake ancik-anciking tlapakanira.”

2. Pangeran Yehuwah badhe ngacungaken tekening panguwaos Paduka saking Sion;Paduka ngastaa pamisesa wonten ing tengahipun mengsah Paduka!

3. Ing dinten nglempaking wadya-bala Paduka umat kagungan Paduka kaliyan legawa badhe majeng kanthi rinengga ing kasucen;saking guwa-garbaning bangbang wetankaaneman Paduka medal kados ebun.

4. Pangeran Yehuwah sampun supaos,sarta badhe boten keduwung:“Sira iku dadi Imam ing salawas-lawasemanut tatanane Melkisedhek.”

5. Pangeran wonten ing tengen Paduka,ngremuk para raja pinten-pinten ing dintening bebendunipun;

6. Pangeran ngadili wonten ing antawisipun para bangsa ngantos bathang-bathang sami pating glimpang.Panjenenganipun ngejur tiyang-tiyang ingkang dados pangageng ing nagari ingkang wiyar.

7. Wonten pinggir margi Panjenenganipun ngunjuk ing lepen,temah ndengengekaken mastakanipun.