1. Sakehing prawiraning wadya-bala, kalebu Sang Yohanan bin Kareah lan Sang Azarya bin Hosaya, dalah rakyat kabeh, wiwit kang cilik tumeka kang gedhe nuli padha sowan,
2. lan matur marang Nabi Yeremia: “Kaparenga kula sami ngaturaken panyuwunan wonten ing ngarsa panjenengan. Panjenengan mugi karsaa ndongakaken kula sadaya dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, kangge ingkang taksih kantun punika sadaya; amargi tiyang ingkang cacahipun kathah namung kantun kula ingkang namung sakedhik punika ingkang taksih kantun kados ingkang panjenengan pirsani piyambak punika.
3. Mugi Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, nyumerepaken dhateng kula sadaya, margi pundi ingkang kedah kula langkungi lan punapa ingkang kedah kula lampahi.”