Yeremia 42:2 Kitab Sutji (JAV)

lan matur marang Nabi Yeremia: “Kaparenga kula sami ngaturaken panyuwunan wonten ing ngarsa panjenengan. Panjenengan mugi karsaa ndongakaken kula sadaya dhumateng Sang Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, kangge ingkang taksih kantun punika sadaya; amargi tiyang ingkang cacahipun kathah namung kantun kula ingkang namung sakedhik punika ingkang taksih kantun kados ingkang panjenengan pirsani piyambak punika.

Yeremia 42

Yeremia 42:1-4