16. Nanging sira banjur padha salin gagasan lan njemberake asmaningSun: sira sawiji-wijine padha mbaleni bature lanang lan wadon, kang wis sira mardikakake miturut pepenginane, lan meksa para wong iku dadi baturira maneh.
17. Mulane pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Sira ora padha ngestokake dhawuhingSun, kang supaya saben wong ngundhangake pangluwaran marang sapepadhane lan sadulure, mulane lah, Ingsun ngundhangake tumrap sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, kebebasan marang pedhang, pageblug lan pailan. Sira bakal Sundadekake kang njalari girise sakehing karajan ing bumi.
18. Lan Ingsun bakal ngulungake para wong kang nerak prajanjianingSun lan ora nuhoni isining prajanjian, kang digawe ana ing ngarsaningSun kanthi nyigar pedhet dadi loro, sarta banjur lumaku ing antaraning sigarane,
19. para panggedhe Yehuda, para panggedhe Yerusalem, punggawa karaton, para imam lan rakyat kabeh kang wus mlaku ing antarane sigaraning pedhet iku,