Yeremia 34:17 Kitab Sutji (JAV)

Mulane pangandikane Sang Yehuwah mangkene: Sira ora padha ngestokake dhawuhingSun, kang supaya saben wong ngundhangake pangluwaran marang sapepadhane lan sadulure, mulane lah, Ingsun ngundhangake tumrap sira, -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, kebebasan marang pedhang, pageblug lan pailan. Sira bakal Sundadekake kang njalari girise sakehing karajan ing bumi.

Yeremia 34

Yeremia 34:15-22