1. Wong Efraim nuli padha matur marang Sang Gidheon: “Pandamel panjenengan dhumateng kula punika kados pundi? Dene nalika panjenengan tindak badhe mangsah perang nglawan tiyang Midian, kula kok boten sami panjenengan timbali?” Banget-banget anggone padha melehake.
2. Paring wangsulane Sang Gidheon marang wong mau: “Kang daktindakake iki apa ta manawa katandhing karo panggawemu iku? Pangasage Efraim iku rak ngungkuli panene anggur trah Abiezer?
3. Dene Gusti Allah wus ngulungake ratune wong Midian, yaiku Oreb lan Zeeb marang ing tanganmu; apa kang wus daktindakake iku apa ta, yen katandhing karo panggawemu iku?” Bareng Sang Gidheon ngandika mangkono, tumuli lilih nepsune wong mau marang panjenengane.
4. Sarawuhe Sang Gidheon ing bengawan Yarden, banjur nyabrang kadherekake bala telung atus mau, sanadyan isih padha sayah, ewadene iya isih padha ngoyak.
5. Wong ing Sukot tumuli padha dipangandikani: “Wong kang padha melu aku iku mbok padha kokwenehi roti sawatara, awit wis padha sayah, aku lagi padha ngoyak-oyak Zebah lan Salmuna, ratune wong Midian.”
6. Nanging para panggedhe ing Sukot padha matur: “Zebah lan Salmuna punapa sampun karegem ing asta panjenengan, dene kula kok sami kadhawuhan nyukani roti dhateng wadya-bala panjenengan punika?
7. Pangandikane Sang Gidheon: “Yen mangkono manawa Sang Yehuwah ngulungake Zebah lan Salmuna marang ing tanganku, awakmu bakal daksapu klawan eri pasamunan lan rerungkudan.”