Wong Efraim nuli padha matur marang Sang Gidheon: “Pandamel panjenengan dhumateng kula punika kados pundi? Dene nalika panjenengan tindak badhe mangsah perang nglawan tiyang Midian, kula kok boten sami panjenengan timbali?” Banget-banget anggone padha melehake.