Para Hakim 7:1-3 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng wayah esuk Sang Yerubaal -- yaiku Sang Gidheon -- sabalane kabeh kang ndherekake banjur budhalan sarta makuwon ana ing sacedhake sendhang Harod; dene pakemahane wong Midian ana ing salore, sandhing gunung More, ing lebak.

2. Pangeran Yehuwah tumuli ngandika marang Sang Gidheon: “Bala kang melu sira iku kakehen tumrap ing karsaningSun anggoningSun bakal masrahake wong Midian marang ing tangane wong Israel, supaya ora padha gumunggung ana ing ngarsaningSun karo kandha: Tanganku dhewe kang mitulungi aku.

3. Kang iku kowe ngundhangna marang rakyat iku mangkene: Sapa kang jirih lan wedi, iku mundura kareben mulih, sumingkira saka ing pagunungan Gilead.” Banjur ana kang padha mundur wong rolikur ewu, kang kari mung sapuluh ewu.

Para Hakim 7