Para Hakim 6:25-28 Kitab Sutji (JAV)

25. Ing bengi iku uga Sang Yehuwah dhawuh marang Gidheon: “Sira njupuka sapi lanang enom siji duweke bapakira, yaiku sapine lanang kang angka loro kang umur pitung taun, nuli misbyahe bapakira kang kanggo Baal iku bubrahen, lan saka brahala kang ana ing sandhinge iku rubuhna!

26. Sawise mangkono sira banjur ngedegna misbyah kagem Sang Yehuwah Gusti Allahira, ana ing dhuwur beteng iki, tinataa kang prayoga, nuli sapi lanang kang angka loro iku mau gawanen sarta aturna minangka kurban obaran nganggo kayu sakaning brahala kang bakal sira rubuhake iku.”

27. Gidheon tumuli nggawa bature sapuluh lan nindakake apa kang wus kadhawuhake Sang Yehuwah mau. Nanging sarehne ora wani nglakoni ing wayah awan, awit wedi karo kulawangsane lan wong-wong ing kutha kono, mulane anggone nindakake ing wayah bengi.

28. Bareng wong ing kutha kono esuk umun-umun padha tangi, misbyahe Baal katon wus kabubrah apadene sakaning brahala kang ana ing sandhinge wus karubuhake, sarta sapine lanang kang angka loro wus kakurbanake ana ing misbyah kang mentas kaedegake.

Para Hakim 6