Para Hakim 6:27 Kitab Sutji (JAV)

Gidheon tumuli nggawa bature sapuluh lan nindakake apa kang wus kadhawuhake Sang Yehuwah mau. Nanging sarehne ora wani nglakoni ing wayah awan, awit wedi karo kulawangsane lan wong-wong ing kutha kono, mulane anggone nindakake ing wayah bengi.

Para Hakim 6

Para Hakim 6:23-31