Para Hakim 15:15-20 Kitab Sutji (JAV)

15. Lan panjenengane manggih balung uwanging kuldi kang anyar, banjur mulung astane balunge dipundhut lan kagawe nempuh wong sewu nganti padha mati.

16. Sang Simson ngandika:“Klawan uwanging kuldi bangsa kuldi iku dakajar,klawan uwanging kuldi wong sewu dakgecak.”

17. Sawuse ngandika mangkono balung uwang mau dibucal. Panggonan ing kono banjur karan Ramat Lekhi.

18. Nalika Sang Simson kasatan banget, sesambat marang Sang Yehuwah: “Paduka sampun paring pangluwaran ageng makaten lantaran tanganipun abdi Paduka, ing sapunika punapa kawula badhe pejah kasatan, sarta dhumawah ing tanganipun tiyang boten tetak punika?”

19. Gusti Allah tumuli mbengkah gampeng kang ana ing Lekhi lan iku banjur metu banyune. Sang Simson tumuli ngunjuk, temah pulih dadi kiyat maneh lan seger sarirane. Mulane sendhang iku karan Sendhang Pesambat, kang isih ana ing Lekhi tumeka saprene.

20. Sang Simson anggone ngakimi bangsa Israel nalika kajajah wong Filisti lawase rong puluh taun.

Para Hakim 15