Gusti Allah tumuli mbengkah gampeng kang ana ing Lekhi lan iku banjur metu banyune. Sang Simson tumuli ngunjuk, temah pulih dadi kiyat maneh lan seger sarirane. Mulane sendhang iku karan Sendhang Pesambat, kang isih ana ing Lekhi tumeka saprene.