Pangentasan 27:7-19 Kitab Sutji (JAV)

7. Pikulane kaslobokna ing gelangane, dadi samangsa misbyahe diusung, pikulan iku padha ana ing lambunge misbyah kiwa-tengen.

8. Misbyah iku kang sira gawe blabag ing jero growong, kaya anggonira wus kaparingan pitedah ana ing gunung, mangkono anggonira padha nggarap misbyah iku.”

9. “Sira gawea platarane Tarub Suci; ing sisih kidul plataran iku anaa gebere lena tenunan alus kang benange kaantih, dawane sasisih satus asta.

10. Cagake kabeh kudu rong puluh, ompake tembaga iya rong puluh, canthelane cagak lan sambungane iku salaka.

11. Mangkono uga ing sisih lor, turut ujure iya nganggoa geber dawane padha satus asta, sarta cagake rong puluh lan ompake rong puluh padha tembaga, nanging canthelane lan sambungane iku salaka.

12. Ing ambane plataran sisih kulon anaa gebere kang seket asta, kalawan cagake sapuluh lan ompake sapuluh.

13. Dene ambane plataran perangan ngarep kang sisih wetan kudu seket asta,

14. yaiku gebere limalas asta kanggo ing sisihe gapura kang siji karo cagake telu lan ompake telu,

15. lan kanggo ing sisihe gapura sijine gebere iya limalas asta, cagake telu lan ompake iya telu.

16. Nanging ing gapurane plataran anaa gebere kang dawane rong puluh asta, kang kagawe bakal wungu tuwa, lan wungu nom, jingga lan lena alus tenunan kang mancawarna kalawan cagake papat lan ompake papat.

17. Sakehe cagak kang ana ing saubenge plataran mau padha kaetrapana sambungan salaka, lan canthelane iya salaka, dene ompake tembaga.

18. Dawane plataran kudu satus asta, ambane seket asta lan dhuwure limang asta, awujud lena tenunan alus kang benange kaantih, sarta ompake tembaga.

19. Anadene mungguh sakehe piranti kanggo ngedegake Tarub Suci, mangkono uga sakehe pathoke dalasan pathoke plataran, iku kudu tembaga kabeh.”

Pangentasan 27