Nanging ing gapurane plataran anaa gebere kang dawane rong puluh asta, kang kagawe bakal wungu tuwa, lan wungu nom, jingga lan lena alus tenunan kang mancawarna kalawan cagake papat lan ompake papat.