Nehemya 9:17-36 Kitab Sutji (JAV)

17. Dene sami lumuh mirengaken tuwin boten ngengeti dhateng kaelokan ingkang Paduka tindakaken wonten ing satengahipun; sami ngakenaken githokipun, malah sami nekad badhe mangsuli pangawulanipun wonten ing tanah Mesir. Nanging Paduka punika Gusti Allah ingkang sugih pangapunten, asihdarma tuwin ambek welasan, sabar saha agung sihsusetyanipun. Paduka boten karsa negakaken para leluhur kawula wau.

18. Malah sanadyan sami damel pedhet cor-coran tuwin sami ngucap: “Iki Gusti Allahmu kang wus ngirid lakumu metu saka ing tanah Mesir!”, saha sami nindakaken kanisthan ingkang ageng,

19. ewasamanten boten Paduka tegakaken wonten ing ara-ara samun, margi saking palimirma Paduka ingkang ageng. Tugu mega boten kendhat-kendhat nuntun lampahipun ing wanci siyang, makaten ugi tugu latu tansah madhangi ing wanci dalu wonten ing margi ingkang dipun langkungi.

20. Roh Paduka ingkang asihmirma inggih Paduka paringaken, supados mulang. Punapa malih boten nate Paduka endheg roti man peparing Paduka dhateng cangkemipun, sarta kadamel ngicalaken ngelakipun Paduka paringi toya.

21. Kawandasa taun laminipun anggen Paduka maringi panggesangan wonten ing ara-ara samun. Sami boten nate kekirangan, sandhanganipun boten luwas, sarta sukunipun boten sami abuh.

22. Kajawi punika ugi Paduka paringi karajan tuwin bangsa pinten-pinten, lajeng dhaerahipun wau Paduka paringaken dados dhaerah wates, amargi tanahipun sami dipun ebroki: inggih punika tanahipun Sihon, raja ing Hesbon, lan tanahipun Prabu Og, raja ing Basan.

23. Turunipun Paduka tangkar-tangkaraken, cacahipun kados lintang ing langit, saha Paduka irid dhateng ing tanah, ingkang Paduka dhawuhaken dhateng para leluhuripun, supados dipun lebeti saha dipun ejegi.

24. Turunipun wau lajeng sami lumebet ing tanah punika sarta dipun ejegi lan tiyang ingkang ngenggeni, inggih punika tiyang-tiyang Kanaan sami Paduka telukaken wonten ing ngajenganipun, sami kaparingaken dhateng ing tanganipun, dalasan para rajanipun tuwin sakathahipun bangsa ing tanah ngriku, supados kadamela ing sapikajengipun.

25. Kitha-kitha ingkang santosa kaliyan tanah-tanah ingkang subur sadaya dipun rayud; griya-griya ingkang kebak isi barang dandosan sae, kulahan-kulahan tatahan, pakebonan anggur tuwin pakebonan jaitun, sarta karang kitri, ingkang cacahipun langkung dening kathah sami dipun rampasi. Sami nedha ngantos tuwuk lan dados lema saha ngraosaken kamukten, saking kamirahan Paduka ingkang ageng.

26. Ewadene sami wangkot sarta mbalela dhumateng Paduka. Angger-angger Paduka dipun singkur lan para nabi Paduka, ingkang ngengetaken supados wangsul mratobat dhumateng Paduka, sami dipun pejahi. Sami nindakaken kanisthan ingkang ageng.

27. Paduka nunten ngulungaken tiyang-tiyang wau ing tanganing mengsahipun, temah sami nandhang karupekan. Lah salebetipun nandhang karibedan punika lajeng sami sesambat dhumateng Paduka, nunten Paduka piyarsakaken saking langit tuwin awit saking palimirma Paduka ingkang ageng, Paduka paringi tiyang-tiyang ingkang ngluwari saking tanganing mengsah.

28. Nanging manawi sampun angsal katentreman, tumunten sami nglampahi piawon malih wonten ing ngarsa Paduka. Lajeng Paduka ulungaken dhateng ing tanganing mengsahipun, saha dipun jajah. Bilih sami sesambat malih dhumateng Paduka, Paduka inggih miyarsakaken malih saking langit, sami Paduka entasaken marambah-rambah, margi saking agenging sih-palimirma Paduka.

29. Paduka engetaken supados sami wangsul dhateng angger-angger Paduka. Nanging sami ngatingalaken gumunggungipun, boten mituhu dhateng pepaken Paduka, sami nerak pranatan-pranatan Paduka, mangka inggih punika ingkang dados marginipun tiyang manggih gesang manawi sami nglampahi makaten. Sami masang pundhakipun kangge nglawan, sami ngakenaken githokipun sarta boten purun mirengaken.

30. Suprandene Paduka karsa nglajengaken anggen Paduka tumindak sabar ngantos pinten-pinten taun laminipun. Sarana Roh Paduka Paduka ngengetaken, inggih punika lumantar para nabi, nanging sami boten nggatosaken, temah Paduka ulungaken dhateng ing tanganipun bangsa-bangsa ing sakathahing nagari.

31. Ewasamanten awit saking agengipun sih-palimirma Paduka inggih boten Paduka tumpes tapis, lan boten Paduka tegakaken, amargi Paduka punika Gusti Allah ingkang mahaasih lan mahamirah.

32. Lah sapunika, dhuh Allah kawula, Gusti Allah ingkang mahaagung, santosa lan nggegirisi, ingkang ngekahi ing prasetya saha sih-kadarmanipun, sampun ngantos Paduka galih remeh sakathahing kasisahan ingkang sampun sami kawula sandhang, inggih ratu-ratu kawula, panuntun-panuntun kawula, imam-imam kawula, nabi-nabi kawula, saha para leluhur kawula, malah inggih umat Paduka sadaya, wiwit jamanipun para raja ing Asyur dumugi sapunika.

33. Nanging Paduka ingkang leres tumrap sakathahing samukawis ingkang dhumawah ing kawula punika, amargi Paduka tumindak setya, saha kawula ingkang sami nglampahi duraka.

34. Dalasan para ratu kawula, para pangageng kawula sarta para imam kawula, punapa dene para leluhur kawula sami nglirwakaken angger-angger Paduka. Sami boten ngestokaken dhateng dhawuh saha pepenget Paduka ingkang Paduka paringaken.

35. Ing salebetipun jumeneng ratu sami boten ngabekti dhumateng Paduka, sanadyan Paduka sampun maringi kanugrahan kathah saha nyawisaken tanah ingkang jembar lan loh. Saha sami boten purun mratobat saha nilar pendamelipun ingkang awon.

36. Lah ing wekdal sapunika kawula sami dados abdi tumbasan, mangka wonten ing salebetipun tanah ingkang Paduka paringaken dhateng para leluhur kawula, amrih sami ngraosaken woh saha kasugihanipun, nanging kawula punika sami dados abdi tumbasan.

Nehemya 9