Turunipun wau lajeng sami lumebet ing tanah punika sarta dipun ejegi lan tiyang ingkang ngenggeni, inggih punika tiyang-tiyang Kanaan sami Paduka telukaken wonten ing ngajenganipun, sami kaparingaken dhateng ing tanganipun, dalasan para rajanipun tuwin sakathahipun bangsa ing tanah ngriku, supados kadamela ing sapikajengipun.