Nehemya 2:17-20 Kitab Sutji (JAV)

17. Ing kono wong-wong iku banjur padha dakkandhani: “Panjenengan sami nguningani ing kasrakatan ingkang kita alami punika, inggih punika bilih Yerusalem dados gempuran lan gapuranipun kabesmi. Milanipun sumangga sami mbangun balowartinipun Yerusalem, supados kita sampun ngantos kalajeng-lajeng dados cacadan malih.”

18. Nalika padha dakkandhani kaya apa anggonku wus diayomi dening Gusti Allahku kang mahamirah, sarta apa kang dadi pangandikane Sang Prabu marang aku, ing kono pangucape: “Inggih sumangga sami tumandang mbangun!” Lan kanthi ngetog kakuwatan anggone padha nglakoni pagawean kang becik iku.

19. Nanging bareng Sanbalat wong ing Horon lan Tobia, wong Amon, kang dadi abdi sarta Gesyem, wong Arab, padha krungu wartane iku, nuli padha moyoki lan ngremehake, pangucape: “Punapa ta kang sami panjenengan tandangi punika? Punapa panjenengan sami sumedya mbalela dhateng Sang Prabu?”

20. Aku mangsuli marang wong-wong iku, tembungku: “Gusti Allahipun saindenging langit, inggih Panjenenganipun punika ingkang murugaken kula sami saged ngrampungaken padamelan kula, kula para abdinipun sampun sami samekta mbangun. Nanging panjenengan sami boten kagungan panduman utawi wewenang lan boten badhe dipun engeti wonten ing Yerusalem!”

Nehemya 2