Ing kono wong-wong iku banjur padha dakkandhani: “Panjenengan sami nguningani ing kasrakatan ingkang kita alami punika, inggih punika bilih Yerusalem dados gempuran lan gapuranipun kabesmi. Milanipun sumangga sami mbangun balowartinipun Yerusalem, supados kita sampun ngantos kalajeng-lajeng dados cacadan malih.”