Lelakone Para Rasul 23:9-17 Kitab Sutji (JAV)

9. Mulane banjur dadi rame banget. Ana ahli Toret sawatara saka golongan Farisi kang maju sarta madoni kalawan keras ujare: “Tumrap kula, tiyang punika boten gadhah kalepatan! Bokmanawi wonten roh utawi malaekat ingkang sampun mangandikani piyambakipun.”

10. Temahan kaanan ing kono saya kisruh banget. Panggedhening prajurit kuwatir, manawa Rasul Paulus nganti disempal-sempak dening wong-wong mau, mulane nuli dhawuh marang prajurit-prajurit, supaya padha mundhun ngrebut Rasul Paulus saka ing satengahing wong akeh lan digawa menyang ing beteng.

11. Bengine Gusti rawuh jumeneng ana ing sandhinge lan ngandika marang panjenengane: “Sing teteg atinira, sabab kaya dene anggonira kalawan kendel nekseni Ingsun ana ing Yerusalem, mangkono uga sira iya prelu nekseni ana ing kutha Rum.”

12. Bareng wis raina wong-wong Yahudi nganakake komplotan lan sumpah kalawan nyupatani awake dhewe, ora bakal mangan utawa ngombe sadurunge nyedani Rasul Paulus.

13. Gunggunge wong kang padha komplotan iku patang puluh luwih.

14. Iku padha nemoni para pangareping imam lan para pinituwane bangsa Yahudi lan pratela: “Kula sampun sami sumpah kalayan nyupaosi badan kula piyambak, boten badhe nedha utawi ngombe saderengipun mejahi Paulus.

15. Awit saking punika mugi panjenengan sadaya sesarengan kaliyan Pradata Agami karsaa ngaturi rembag dhateng pangagenging prajurit supados ngladosaken Paulus dhateng ing ngarsa panjenengan malih, kados-kados panjenengan badhe mriksa prakawisipun ingkang langkung tliti, wondene kula sadaya mangke sampun sami mirantos badhe mejahi piyambakipun saderengipun dumugi ing ngarsa panjenengan.”

16. Nanging kaponakane Rasul Paulus, putrane kang rayine putri, krungu bab rancangan cegatan iku lan banjur menyang beteng. Bareng wis diparengake mlebu, nuli matur bab mau marang Rasul Paulus.

17. Rasul Paulus tumuli ngaturi sawijining opsir lan matur: “Lare punika kula aturi nyowanaken dhateng ing ngarsaning pangagengipun prajurit, jalaran wonten prakawis ingkang prelu dipun uningakaken ing panjenenganipun.”

Lelakone Para Rasul 23