Mulane banjur dadi rame banget. Ana ahli Toret sawatara saka golongan Farisi kang maju sarta madoni kalawan keras ujare: “Tumrap kula, tiyang punika boten gadhah kalepatan! Bokmanawi wonten roh utawi malaekat ingkang sampun mangandikani piyambakipun.”