Jabur 48:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Kidungan. Masmur anggitane bani Korakh.

2. Pangeran Yehuwah iku Mahaagung lan luwih dening pinuji-pujiana ing kuthane Gusti Allah kita!

3. Gununge kang suci, kang munggul endah,iku minangka kasenenganing sajagad rat;gunung Sion iku prenahe adoh ing sisih lor,kuthane Sang Nata Agung.

4. Ana ing kadhaton-kadhatoneGusti Allah nedahake manawa Panjenengane iku dadi beteng.

5. Amarga awasna, para raja padha ngumpul,sarta padha bebarengan mangsah nempuh;

6. bareng padha ndeleng marang kutha iku padha kaebatan;kaget, banjur padha mlayu sarsaran.

7. Dumadakan padha geter ana ing kono,padha lara kaya wong wadon kang nglarani arep duwe anak.

8. Paduka ngremuki baita-baita Tarsis,kaliyan prahara saking wetan.

9. Kayadene pangrungu kita, iya kaya mangkono pandeleng kita,ana ing kuthaning Yehuwah, Gustine sarwa tumitah,ing kuthaning Allah kita;Gusti Allah kang nyantosakake iku langgeng ing salawase. (Selah)

Jabur 48