1. Kacarita bareng Sang Raja Putri Syeba midhanget kabar bab Sang Prabu Suleman, panjenengane banjur tedhak menyang Yerusalem, kadherekake ing abdi akeh banget kanthi mbekta unta kang momot anggi-anggi, emas akeh lan sesotya kang larang-larang, karsane arep nguji Sang Prabu Suleman sarana cangkriman. Bareng wus rawuh ana ing ngarsane Sang Prabu Suleman, tumuli nglairake apa saisining panggalihe marang panjenengane.
2. Dene Sang Prabu Suleman iya banjur paring wangsulan tumrap sakehe pandangone Sang Raja Putri mau, tumrap Sang Prabu Suleman ora ana barang kang winadi, ora ana kang ora kena ingudharan ana ing ngarsane Sang Raja Putri mau.
3. Bareng Raja Putri ing nagara Syeba nguningani kawicaksanane Sang Prabu Suleman lan dalem yeyasane,
4. dhedhaharan kang lumadi ing mejane, patrape linggih para punggawane, patrape para paladene anggone padha ngladeni sarta anggone nyandhang-manganggo, para juru pangunjukan lan sandhangane, apadene kurban obaran kang saben-saben kasaosake ana ing padalemaning Yehuwah, Sang Raja Putri banget anggone kagawokan.
5. Panjenengane nuli ngandika marang Sang Prabu: “Pancen leres pawartos ingkang kula pireng wonten ing nagari kula bab panjenengan saha bab kawicaksanan panjenengan,
6. ewasamanten kula boten pitados dhateng tembungipun tiyang-tiyang, ngantos kula ndhatengi lan nyumerepi piyambak; lah kawicaksanan panjenengan ingkang ageng punika ingkang dipun cariyosaken dhateng kula sapalihipun kemawon dereng wonten; kawontenan panjenengan nglangkungi pawartos ingkang kula pireng.
7. Rahayu para tiyang panjenengan, tuwin rahayu para punggawa panjenengan ingkang tansah ngladosi panjenengan saha nyumerepi kawicaksanan panjenengan!
8. Pinujia Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan, ingkang karenan dhateng panjenengan, ngantos panjenengan lajeng kalenggahaken ing dhamparipun, kadadosaken ratu kagem Pangeran Yehuwah, Gusti Allah panjenengan! Ing sarehne Gusti Allah penjenengan asih dhateng tiyang Israel, mila kalestantunaken ing salami-laminipun, dene panjenengan kadadosaken ratunipun supados nindakaken kaadilan lan kaleresan.”
9. Sang Prabu banjur dicaosi emas satus rong puluh talenta lan anggi-anggi akeh banget tuwin sesotya kang larang-larang; ora tau ana anggi-anggi kang akehe kaya kang dicaosake dening ratu ing nagara Syeba marang Sang Prabu Suleman mau.