2 Babad 9:1 Kitab Sutji (JAV)

Kacarita bareng Sang Raja Putri Syeba midhanget kabar bab Sang Prabu Suleman, panjenengane banjur tedhak menyang Yerusalem, kadherekake ing abdi akeh banget kanthi mbekta unta kang momot anggi-anggi, emas akeh lan sesotya kang larang-larang, karsane arep nguji Sang Prabu Suleman sarana cangkriman. Bareng wus rawuh ana ing ngarsane Sang Prabu Suleman, tumuli nglairake apa saisining panggalihe marang panjenengane.

2 Babad 9

2 Babad 9:1-2