2 Babad 8:13-15 Kitab Sutji (JAV)

13. cundhuk karo apa kang manut dhawuhe Nabi Musa katetepake dadi kurban dinan, kurban ing dina Sabat, ing sasi anyar, lan setaun kaping telu ing dina riyaya, yaiku: ing dina riyaya Roti Tanpa Ragi, ing dina riyaya Pungkasaning Pitung Minggu lan ing dina riyaya Tancebing Tarub,

14. lan manut tatanane Sang Prabu Dawud, kang rama, golongan-golonganing para imam padha kaparingan kawajibane dhewe-dhewe, dene para wong Lewi padha pinaringan kawajiban ngidungake pepujian lan ngladeni marang para imam, iku saben dina manut kang ketetepake ing dina iku, sarta uga para jaga gapura tumrap golongan-golongane kanggo saben gapura. Amarga mangkono dhawuhe Sang Prabu Dawud, abdining Allah.

15. Wong-wong padha ora nyimpang saka ing dhawuhe Sang Prabu ing bab para imam lan para wong Lewi sarta ing bab apa bae, uga ing bab barang-barang.

2 Babad 8