2 Babad 8:1-10 Kitab Sutji (JAV)

1. Bareng wis rong puluh taun, sarampunge anggone yasa Padalemaning Yehuwah lan kratone piyambak,

2. Sang Prabu Suleman banjur nyantosani kutha-kutha kang dipasrahake dening Sang Prabu Huram marang panjenengane, sarta dhawuh marang wong Israel supaya padha manggon ing kono.

3. Sang Prabu Suleman nuli nglurug menyang ing Hamat-Zoba, kang banjur ditelukake.

4. Sawuse mangkono Sang Nata nyantosani Tadmor kang ana ing pasamunan lan sakehe kutha pasimpenan, kang kaedegake ana ing Hamat.

5. Uga Bet-Horon Tengger lan Bet-Horon Lebak disantosani kadadekake kutha beteng kang kinubengan ing tembok, mawa gapura lan slarak,

6. lan uga Baalat sarta sakehe kutha pasimpenan kagungane Sang Prabu Suleman, sakehe kutha panggonane wadya-bala kretan tuwin kutha-kutha panggonane wadya-bala jaranan lan apa bae kang dikarsakake dening Sang Prabu Suleman supaya didegake ana ing Yerusalem, ing gunung Libanon, utawa ing sakehe nagara kang dikwaosi.

7. Sakehe kekarene panunggalane wong Het, wong Amori, wong Peris, wong Hewi lan wong Yebus, kang ora kagolong Israel,

8. yaiku turune para bangsa kang isih padha manggon ana ing nagara kono, kang ora kasirnakake dening wong Israel iku padha diklempakake dening Sang Prabu Suleman, kadadekake wong nyangga karya; kaya mangkono iku nganti saprene.

9. Nanging wong Israel ora ana kang diparingi pagaweaning budhak, iku padha dadi prajurit, dadi panggedhening wadya-bala jaranan lan dadi senapatining wadya-bala kretan sarta wadya-bala jaranan.

10. Iki para punggawa kang dhuwur dhewe, abdine Sang Prabu Suleman: rong atus seket cacahe kang padha mbawahake rakyat.

2 Babad 8