1 Samuel 19:10-18 Kitab Sutji (JAV)

10. Sang Prabu Saul sumedya nunjemake Sang Dawud ing tembok kalawan towoke, nanging Sang Dawud ngendhani panloronge Sang Prabu, temah mung ngenani tembok. Sawuse iku Sang Dawud banjur lolos lan bisa oncat ing bengi iku.

11. Sang Prabu banjur utusan wong-wong menyang ing daleme Sang Dawud didhawuhi njaga lan nyedani panjenengane ing wayah esuk. Nanging Sang Putri Mikhal, garwane Sang Dawud ngaturi pirsa marang Sang Dawud mangkene: “Yen panjenengan ora bisa oncat bengi iki, sesuk mesthi bakal disedani.”

12. Sang Putri Mikhal tumuli mbyantu Sang Dawud mandhap saka ing cendhela lan Sang Dawud lolos lan bisa oncat.

13. Sawuse iku Sang Putri Mikhal mundhut terafim diselehake ing pasarean, endhase didokoki tenunan wulu wedhus, banjur dikemuli.

14. Sang Prabu Saul banjur utusan marani Sang Dawud, nanging Sang Putri Mikhal ngandika: “Lagi gerah.”

15. Sawuse iku Sang Prabu utusan wong-wong nyatakake sarta dipangandikani: “Dawud parakna mrene sapaturone, supaya dipateni!”

16. Para utusan iku padha lumebu ing daleme. lan katon ana terafim ing pasarean, endhase kasasaban tenunan wulu wedhus.

17. Sang Prabu Saul ngandika marang Sang Putri Mikhal: “Yagene sira ngapusi ingsun mengkono sarta nulungi mungsuhku, nganti bisa oncat?” Nanging Sang Putri Mikhal mangsuli unjuke: “Piyambakipun wicanten dhateng kawula makaten: Aku arep lunga aja kokcandhet. Apa kowe njaluk dakpateni?”

18. Sawuse Sang Dawud lolos lan oncat saka ing bebaya, nuli sowan ing ngarsane Nabi Samuel ing Rama lan ngandharake, kabeh apa kang ditandukake Sang Prabu Saul marang panjenengane. Sang Dawud banjur diajak Nabi Samuel menyang ing Nayot lan lereb ana ing kono.

1 Samuel 19