Sang Prabu Saul sumedya nunjemake Sang Dawud ing tembok kalawan towoke, nanging Sang Dawud ngendhani panloronge Sang Prabu, temah mung ngenani tembok. Sawuse iku Sang Dawud banjur lolos lan bisa oncat ing bengi iku.