4. Ing lowahane pagunungan kang diangkah arep disabrangi Pangeran Yonatan menyang panggonane bala pangawale wong Filisti ana pongole gunung parang ing sisih kene lan ing sisih kana: kang siji aran Bozes, sijine aran Sene.
5. Pongol kang siji menthongol ing sisih lor ngadhepake Mikhmas, sijine ing sisih kidul ngadhepake Geba.
6. Pangeran Yonatan ngandika marang abdine kang ngampil gegaman iku: “Payo padha nyabrang nyedhaki bala pangawale wong-wong kang ikuten iku. Bokmanawa Sang Yehuwah nyarirani perang kita, amarga tumrap Sang Yehuwah gampang bae mitulungi, dadia karo wong akeh, dadia karo wong sathithik.”
7. Atur wangsulane abdi kang ngampil gegaman: “Sumangga panjenengan dalem tindakaken sakarsa dalem, adalem namung ndherek kemawon.”
8. Pangandikane Pangeran Yonatan: “Dingati-ati, kita padha nyabrang nyedhaki lan ngaton marang wong-wong iku.
9. Manawa kandhane marang kita mangkene: Mandhega nganti aku padha nekani kowe, nuli kita mandheg ing panggonan iku lan ora munggah marani wong-wong iku.
10. Nanging manawa kandhane mangkene: Munggaha mrene, kita bakal munggah, amarga yen mangkono Sang Yehuwah wus ngulungke wong-wong iku marang tangan kita. Iku pratandhane kanggo kita.”
11. Bareng sakarone ngaton marang bala pangawale wong Filisti, guneme wong Filisti mau: “Delengen, para wong Ibrani padha metu saka ing guwa pandhelikane.”
12. Wong-wong bala pangawale wong Filisti padha nguwuh-uwuh marang Pangeran Yonatan lan kang ngampil gegamane, pangucape: “Munggaha mrene, aku arep padha ngajar kowe.” Pangeran Yonatan banjur ngandika marang abdine kang ngampil gegaman: “Munggaha, ngetutna aku, amarga Sang Yehuwah wus ngulungake wong-wong iku marang tangane wong Israel.”
13. Pangeran Yonatan banjur krekelan munggah, kadherekake dening abdine. Wong iku padha mati katempuh dening Pangeran Yonatan, dene abdine juru ngampil gegaman, kang mateni wong-wong iku saka ing buri.