1 Samuel 14:12 Kitab Sutji (JAV)

Wong-wong bala pangawale wong Filisti padha nguwuh-uwuh marang Pangeran Yonatan lan kang ngampil gegamane, pangucape: “Munggaha mrene, aku arep padha ngajar kowe.” Pangeran Yonatan banjur ngandika marang abdine kang ngampil gegaman: “Munggaha, ngetutna aku, amarga Sang Yehuwah wus ngulungake wong-wong iku marang tangane wong Israel.”

1 Samuel 14

1 Samuel 14:6-15