1 Samuel 14:1-16 Kitab Sutji (JAV)

1. Nuju sawijining dina Pangeran Yonatan, putrane Sang Prabu Saul ngandika marang abdine juru ngampil gegamane: “Payo padha nyabrang nyedhaki bala pangawale wong Filisti kang mapan ana ing sisih kana.” Nanging ora ngaturi pirsa marang ramane.

2. Ana dene Sang Prabu Saul lenggah ana ing tapel-watese Gibea ing sangisore wit dlima kang ana ing Migron. Lan wong akeh kang ndherek Sang Prabu Saul kehe kira-kira wong nem atus.

3. Imam Ahia bin Ahitub, sadhereke Imam Ikabod, bin Pinehas, putrane Imam Eli, imame Sang Yehuwah ing Silo, panjenengane kang ngagem efod ing wektu semana. Nanging wong akeh ora ngreti mungguh tindake Pangeran Yonatan.

4. Ing lowahane pagunungan kang diangkah arep disabrangi Pangeran Yonatan menyang panggonane bala pangawale wong Filisti ana pongole gunung parang ing sisih kene lan ing sisih kana: kang siji aran Bozes, sijine aran Sene.

5. Pongol kang siji menthongol ing sisih lor ngadhepake Mikhmas, sijine ing sisih kidul ngadhepake Geba.

6. Pangeran Yonatan ngandika marang abdine kang ngampil gegaman iku: “Payo padha nyabrang nyedhaki bala pangawale wong-wong kang ikuten iku. Bokmanawa Sang Yehuwah nyarirani perang kita, amarga tumrap Sang Yehuwah gampang bae mitulungi, dadia karo wong akeh, dadia karo wong sathithik.”

7. Atur wangsulane abdi kang ngampil gegaman: “Sumangga panjenengan dalem tindakaken sakarsa dalem, adalem namung ndherek kemawon.”

8. Pangandikane Pangeran Yonatan: “Dingati-ati, kita padha nyabrang nyedhaki lan ngaton marang wong-wong iku.

9. Manawa kandhane marang kita mangkene: Mandhega nganti aku padha nekani kowe, nuli kita mandheg ing panggonan iku lan ora munggah marani wong-wong iku.

10. Nanging manawa kandhane mangkene: Munggaha mrene, kita bakal munggah, amarga yen mangkono Sang Yehuwah wus ngulungke wong-wong iku marang tangan kita. Iku pratandhane kanggo kita.”

11. Bareng sakarone ngaton marang bala pangawale wong Filisti, guneme wong Filisti mau: “Delengen, para wong Ibrani padha metu saka ing guwa pandhelikane.”

12. Wong-wong bala pangawale wong Filisti padha nguwuh-uwuh marang Pangeran Yonatan lan kang ngampil gegamane, pangucape: “Munggaha mrene, aku arep padha ngajar kowe.” Pangeran Yonatan banjur ngandika marang abdine kang ngampil gegaman: “Munggaha, ngetutna aku, amarga Sang Yehuwah wus ngulungake wong-wong iku marang tangane wong Israel.”

13. Pangeran Yonatan banjur krekelan munggah, kadherekake dening abdine. Wong iku padha mati katempuh dening Pangeran Yonatan, dene abdine juru ngampil gegaman, kang mateni wong-wong iku saka ing buri.

14. Kasoran kang kapisan kang kelakon marga saka panempuhe Pangeran Yonatan lan abdine kang ngampil gegaman kang oleh pepati kira-kira wong rong puluh, iku kelakone ana ing wewengkon kang dohe watara setengah palukon ing pategalan.

15. Tumuli tuwuh pagiris ing pakemahan, ing ara-ara lan ing antarane rakyat kabeh. Uga para prajurit pangawal lan tukang ngrayah padha giris lan bumi nganti gonjing, temah nganakake pagiris kang saka Gusti Allah.

16. Bareng para prajurite jaga-baya Sang Prabu Saul ing Gibea-Benyamin weruh kang mangkono iku -- lan wong padha ribut lumaku mrana-mrene kaya alun kang ngombak-ombak mrana-mrene. --

1 Samuel 14