Zefanya 2:13-15 Kitab Sutji (JAV)

13. Pangeran bakal ngagagake astane mangalor, bakal ngrusak Asyur, lan ndadosake Niniwe sepi mamring, garing kaya pasamunan.

14. Lan pepanthan kewan-kewan bakal manggon ing satengahe, yaiku sawernane kewan alasan; manuk cangak lan bango thonthong padha nginep ing krebiling sakane; manuk buntung bakal ngoceh ana ing cendhela, manuk gagak ana ing ngarep lawang: Pasangan blabag kayu eres wus kabukakan.

15. Iku kaanane kutha kang giyak-giyak, kang wong-wonge padha ayem pamanggone, kang duwe osik ing atine mangkene: “Mung aku sing ana, ora ana liyane!” Mulane iya banjur wus dadi ludhesan, kanggo pasabane kewan-kewan alasan. Saben wong liwat ing kono bakal padha ngeses lan kipat-kipat tangan.

Zefanya 2