9. Ing dina iku Ingsun bakal ndhawahake paukuman marang saben wong kang nglumpati tlundhaking lawang, kang ngebaki omahe bendarane kalawan panganiaya lan para cidra.
10. Ing dina iku -- mangkono pangandikane Sang Yehuwah --, bakal keprungu gumedering pasambat wiwit saka gapura Iwak lan pangadhuh wiwit ing pakampungan anyar, apadene jugruging tengger-tengger kang nggegirisi.
11. He wong ing pakampungan Lumpang, padha sesambata, awitdene sakehing sudagar wus padha tumpes, wus sirna sakehe wong kang nimbangi salaka.
12. Ing wektu iku Ingsun bakal nggledhah Yerusalem kalawan ngagem obor lan bakal ngukum marang wong kang wus padha ngenthel kaya anggur tumumpang ana ing endheg-endhege, lan kang duwe osik ing sajroning atine mangkene: Pangeran Yehuwah ora damel becik lan ora damel ala.
13. Mulane sabarang darbeke dadi rayahan lan omahe bakal padha dadi sepi mamring. Manawa padha gawe omah, ora bakal ngenggoni, sarta manawa gawe pakebonan anggur, ora bakal ngombe anggure.”