Zakharia 4:12-14 Kitab Sutji (JAV)

12. Aku tumuli matur maneh: “Menggah pangipun wit jaitun kalih sandhing torong emas kalih ingkang ngilekaken jer-jeran emas saking nginggilipun, punika punapa tegesipun?”

13. Aku banjur dipangandikani mangkene: “Kowe apa ora sumurup tegese iku?” Atur wangsulanku: “Boten sumerep, bendara!”

14. Panjenengane nuli ngandika: “Iki wong loro kang dijebadi lan kang ngadeg ana ing ngarsane Pangeraning salumahe bumi!”

Zakharia 4