Zakharia 14:19-21 Kitab Sutji (JAV)

19. Kaya mangkono kang bakal dadi paukumane wong Mesir, sarta paukumane sakehe bangsa kang ora seba mahargya riyaya Tancebing Tarub.

20. Ing wektu iku dalah klinthingan jaran bakal ana tulisane kang muni: “Suci kagem Pangeran Yehuwah!” Sarta sakehe kuwali ing padalemane Sang Yehuwah dadi padha karo bokor-bokor panyiraman ing sangarepe misbyah.

21. Apadene sakehe kuwali ing Yerusalem lan ing tanah Yehuda bakal padha dadi sengkeran kagem Sang Yehuwah Gustine sarwa dumadi; sakehe wong kang saos kurban bakal njupuk kuwali mau, kanggo nggegodhog. Ing wektu iku ing padalemane Pangeran Yehuwah Gustine sarwa dumadi bakal wus ora ana maneh wong kang dedagangan.

Zakharia 14