10. Tlatahe tanah kono kabeh bakal malih dadi Araba-Yordan, saka ing Geba tekan ing Rimon ing sakidule Yerusalem. Nanging kutha iku bakal munggul dhuwur lan tetep dumunung ana ing panggonane, wiwit saka ing gapura Benyamin nganti tekan ing gapura kang lawas, yaiku gapura Pojok, lan saka menara Hananeel tekan ing pamipitaning anggur kraton.
11. Para wong bakal tetep pamanggone ana ing kono, sabab panumpesan wus bakal ora ana maneh, lan Yerusalem bakal tetep ayem tentrem.
12. Iki wewelak kang bakal kadhawahake dening Sang Yehuwah marang sakehe bangsa kang merangi Yerusalem: daginge wong-wong bakal dadi bosok ing nalikane isih ngadeg lan mripate bakal mlosoh ana ing growongane, mangkono uga ilate bakal dadi bosok ana ing cangkeme.