Zakharia 10:6 Kitab Sutji (JAV)

Turune Yehuda bakal Sunsantosakake, lan turune Yusuf Sunluwari; bakal padha Sunulihake, marga padha Sunwelasi; kaanane kaya-kaya ora tau Sunsebratake, awitdene Ingsun iki Yehuwah Allahe, sarta bakal Sunsembadani sapanyuwune.

Zakharia 10

Zakharia 10:1-9