4. tumuli padha nindakake akal: padha cepak-cepak sangu, kuldine padha dimoti karung kang elek-elek, karo impes wadhah anggur kang elek-elek kang wus jithet-jithetan;
5. sikile padha dianggoni trumpah kang elek-elek lan tambalan, sarta padha nganggo sandhangan kang wus lungsed; lan sangune roti kabeh wus garing, kari gogrogan thok.
6. Kaya mangkono anggone padha sowan marang ing ngarsane Senapati Yusak ana ing pakemahan ing Gilgal. Ature marang Senapati Yusak lan para wong Israel: “Kula punika sami dhateng saking tanah tebih, lah sapunika panjenengan karsaa damel prajanjian kaliyan kula.”
7. Nanging wong Israel tumuli padha celathu marang wong Hewi mau: “Bokmanawi panjenengan punika sami manggen wonten ing tengah-tengah kula ngriki, kadospundi anggen kula saged damel prajanjian kaliyan panjenengan?”
8. Wonge padha matur marang Senapati Yusak: “Kula sami dadosa abdi-abdi panjenengan.” Tumuli padha didangu: “Panjenengan punika sinten saha rawuh panjenengan saking pundi?”