22. Apamaneh wong Israel liyane uga padha metu saka kutha melu nggecak wong-wong Ai, temah padha kecepit ana ing satengahe wong Israel, sing iki saka ing kene, sing kae saka ing kana, banjur padha dipateni, nganti wus ora ana siji-sijia kang oncat utawa luwar.
23. Nanging ratu ing Ai nuli dicepeng gesang-gesangan, banjur diladekake marang ing ngarsane Sang Senapati Yusak.
24. Bareng bangsa Israel wus rampung anggone mateni sakehing wong ing kutha Ai ana ing ara-ara kang ngeblak, -- anggone padha ngoyak mrono iku -- lan sawuse kabeh padha dipateni kalawan landheping pedhang, nganti tumpes tapis, wong Israel kabeh tumuli padha bali menyang ing kutha Ai lan nggecak kutha iku kalawan landheping pedhang.
25. Cacahe wong kang padha kapatenan ing dina iku, lanang wadon ana rolas ewu, kabeh wong ing kutha Ai.
26. Senapati Yusak tansah ngagagake astane kang ngasta tumbak, nganti sakehe wong kang manggon ing kutha Ai wus padha kasirnakake kabeh.
27. Mung rajakaya lan barang-barang isining kutha iku padha dijarah wong Israel, nocogi pangandikane Pangeran Yehuwah kang wus kadhawuhake marang Senapati Yusak.
28. Kutha Ai banjur diobong dening Sang Yusak, kadadekake gempuran ing salawase, dadi papan kang suwung blung tumeka ing dina iki.
29. Dene ratu ing Ai iku digantung ing saka, nganti tumeka ing wayah sore. Bareng wayah suruping srengenge, Sang Yusak dhawuh ngudhunake layone saka ing saka mau, banjur dibuwang ing ngarepe gapuraning kutha sarta diadegi tumpukan watu gedhe-gedhe, kang isih lestari nganti tumeka saprene.
30. Sawuse mangkono Sang Senapati Yusak tumuli yasa misbyah konjuk marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel ana ing gunung Ebal,