Yusak 8:18-34 Kitab Sutji (JAV)

18. Ing kono nuli ana dhawuhe Sang Yehuwah marang Senapati Yusak: “Tumbak kang ana ing tanganira iku acungna marang kutha Ai, amarga kutha iku Sunulungake ing tanganira.” Senapati Yusak banjur ngacungake tumbak kang ana ing astane marang ing kutha Ai.

19. Bareng astane kaacungake baris pendhem mau banjur age-age jumedhul saka ing pandhelikane, mak nyat padha lumayu lumebu ing kutha, kang banjur karebut lan enggal-enggal diobong.

20. Bareng wong ing Ai padha noleh ndeleng, lah pegane kutha kumelun marang ing langit; wong-wong iku wus ora bisa mlayu mrene utawa mrana, amarga bala kang lumayu menyang ara-ara samun padha cengkelak bali nempuh marang kang padha ngoyak.

21. Bareng Sang Yusak lan wong Israel kabeh weruh yen kuthane wus kena karayud dening baris pendhem lan pegane kutha kumelun, tumuli padha minger lan nggecak wong-wong Ai.

22. Apamaneh wong Israel liyane uga padha metu saka kutha melu nggecak wong-wong Ai, temah padha kecepit ana ing satengahe wong Israel, sing iki saka ing kene, sing kae saka ing kana, banjur padha dipateni, nganti wus ora ana siji-sijia kang oncat utawa luwar.

23. Nanging ratu ing Ai nuli dicepeng gesang-gesangan, banjur diladekake marang ing ngarsane Sang Senapati Yusak.

24. Bareng bangsa Israel wus rampung anggone mateni sakehing wong ing kutha Ai ana ing ara-ara kang ngeblak, -- anggone padha ngoyak mrono iku -- lan sawuse kabeh padha dipateni kalawan landheping pedhang, nganti tumpes tapis, wong Israel kabeh tumuli padha bali menyang ing kutha Ai lan nggecak kutha iku kalawan landheping pedhang.

25. Cacahe wong kang padha kapatenan ing dina iku, lanang wadon ana rolas ewu, kabeh wong ing kutha Ai.

26. Senapati Yusak tansah ngagagake astane kang ngasta tumbak, nganti sakehe wong kang manggon ing kutha Ai wus padha kasirnakake kabeh.

27. Mung rajakaya lan barang-barang isining kutha iku padha dijarah wong Israel, nocogi pangandikane Pangeran Yehuwah kang wus kadhawuhake marang Senapati Yusak.

28. Kutha Ai banjur diobong dening Sang Yusak, kadadekake gempuran ing salawase, dadi papan kang suwung blung tumeka ing dina iki.

29. Dene ratu ing Ai iku digantung ing saka, nganti tumeka ing wayah sore. Bareng wayah suruping srengenge, Sang Yusak dhawuh ngudhunake layone saka ing saka mau, banjur dibuwang ing ngarepe gapuraning kutha sarta diadegi tumpukan watu gedhe-gedhe, kang isih lestari nganti tumeka saprene.

30. Sawuse mangkono Sang Senapati Yusak tumuli yasa misbyah konjuk marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel ana ing gunung Ebal,

31. kaya kang wus didhawuhake dening Nabi Musa, abdine Pangeran Yehuwah marang wong Israel, iya kaya kang wus tinulisan ana ing Kitab Torete Nabi Musa; misbyah iku kang digawe watu wutuhan, kang ora kagepok ing piranti wesi apa bae; wong-wong banjur padha nyaosake kurban obaran marang Pangeran Yehuwah ana ing misbyah kono, sarta padha ngurbanake kurban slametan.

32. Watune padha ditulisi turunane angger-anggere Nabi Musa, panyerate Sang Yusak iki sineksenan dening wong Israel.

33. Wong Israel kabeh, para tetuwane, para tetindhihe wadyabala lan para hakime padha ngadeg ana ing sakiwa-tengening pethi, adu arep karo para imam kang pancen saka suku Lewi kang ngusung pethi prasetyaning Sang Yehuwah, iya wong ngamanca iya wong pribumi, salong madhep marang gunung Gerizim, salong madhep marang gunung Ebal kaya kang biyen didhawuhake dening Nabi Musa, abdining Sang Yehuwah, manawa wong mberkahi bangsa Israel.

34. Sawuse mangkono Senapati Yusak banjur maosake sakehe isining angger-anggere Toret, iya berkahe iya laknate, condhong karo kang tinulisan ana ing kitab angger-angger.

Yusak 8