14. Ing wayah esuk bareng ratu ing Ai mirsa kang kaya mangkono iku, banjur enggal-enggal miyosi perang karo rakyate kabeh, wong-wong ing kutha kono, sarta banjur nempuh wong Israel ana ing ereng-ereng ing ngarepe lebak; Sang Prabu ora mirsa yen ing burine kutha ana barisane pendhem.
15. Sang Senapati Yusak lan wong Israel kabeh nuli api-api kalah ana ing ngarepe bala ing Ai sarta banjur padha mlayu ngener ing ara-ara samun.
16. Mulane sakehe wong kang ana ing jero kutha padha dikerigake lan padha ngoyak wong Israel; tumuli padha ngoyak Sang Yusak, nganti saya adoh anggone kapancing saka ing kutha.
17. Ora ana siji-sijia wong kang keri ana ing Betel lan Ai, kang ora metu ngoyak wong Israel; kuthane ditinggal suwung, amarga wong-wong padha ngoyak wong Israel.
18. Ing kono nuli ana dhawuhe Sang Yehuwah marang Senapati Yusak: “Tumbak kang ana ing tanganira iku acungna marang kutha Ai, amarga kutha iku Sunulungake ing tanganira.” Senapati Yusak banjur ngacungake tumbak kang ana ing astane marang ing kutha Ai.
19. Bareng astane kaacungake baris pendhem mau banjur age-age jumedhul saka ing pandhelikane, mak nyat padha lumayu lumebu ing kutha, kang banjur karebut lan enggal-enggal diobong.
20. Bareng wong ing Ai padha noleh ndeleng, lah pegane kutha kumelun marang ing langit; wong-wong iku wus ora bisa mlayu mrene utawa mrana, amarga bala kang lumayu menyang ara-ara samun padha cengkelak bali nempuh marang kang padha ngoyak.
21. Bareng Sang Yusak lan wong Israel kabeh weruh yen kuthane wus kena karayud dening baris pendhem lan pegane kutha kumelun, tumuli padha minger lan nggecak wong-wong Ai.
22. Apamaneh wong Israel liyane uga padha metu saka kutha melu nggecak wong-wong Ai, temah padha kecepit ana ing satengahe wong Israel, sing iki saka ing kene, sing kae saka ing kana, banjur padha dipateni, nganti wus ora ana siji-sijia kang oncat utawa luwar.
23. Nanging ratu ing Ai nuli dicepeng gesang-gesangan, banjur diladekake marang ing ngarsane Sang Senapati Yusak.
24. Bareng bangsa Israel wus rampung anggone mateni sakehing wong ing kutha Ai ana ing ara-ara kang ngeblak, -- anggone padha ngoyak mrono iku -- lan sawuse kabeh padha dipateni kalawan landheping pedhang, nganti tumpes tapis, wong Israel kabeh tumuli padha bali menyang ing kutha Ai lan nggecak kutha iku kalawan landheping pedhang.