Yusak 8:10-19 Kitab Sutji (JAV)

10. Esuke ing wayah bangun Sang Yusak wungu, nuli mriksa barisaning rakyat, sarta banjur bidhal menyang ing kutha Ai, kadherekake dening para tetuwane Israel, tindake ana ing ngarepe wadyabala.

11. Uga sakehe wadyabala kang ndherek tindake padha maju terus; padha mangsah ngangseg nganti tekan ing ngarepe kutha, banjur padha lereb ana ing salore kutha Ai, dadi lebake ana ing antarane wong-wong mau lan kutha Ai.

12. Sang Senapati Yusak wus mundhut bala watara limang ewu kang padha didhawuhi baris pendhem ana ing antarane kutha Betel lan Ai, ing sakulone kutha.

13. Dene carane mapagake bala iku mangkene: balane kabeh ana ing salore kutha lan barise pendhem ana ing sakulone kutha. Ing wayah bengi iku Sang Yusak lumampah miyos ing lebak kono.

14. Ing wayah esuk bareng ratu ing Ai mirsa kang kaya mangkono iku, banjur enggal-enggal miyosi perang karo rakyate kabeh, wong-wong ing kutha kono, sarta banjur nempuh wong Israel ana ing ereng-ereng ing ngarepe lebak; Sang Prabu ora mirsa yen ing burine kutha ana barisane pendhem.

15. Sang Senapati Yusak lan wong Israel kabeh nuli api-api kalah ana ing ngarepe bala ing Ai sarta banjur padha mlayu ngener ing ara-ara samun.

16. Mulane sakehe wong kang ana ing jero kutha padha dikerigake lan padha ngoyak wong Israel; tumuli padha ngoyak Sang Yusak, nganti saya adoh anggone kapancing saka ing kutha.

17. Ora ana siji-sijia wong kang keri ana ing Betel lan Ai, kang ora metu ngoyak wong Israel; kuthane ditinggal suwung, amarga wong-wong padha ngoyak wong Israel.

18. Ing kono nuli ana dhawuhe Sang Yehuwah marang Senapati Yusak: “Tumbak kang ana ing tanganira iku acungna marang kutha Ai, amarga kutha iku Sunulungake ing tanganira.” Senapati Yusak banjur ngacungake tumbak kang ana ing astane marang ing kutha Ai.

19. Bareng astane kaacungake baris pendhem mau banjur age-age jumedhul saka ing pandhelikane, mak nyat padha lumayu lumebu ing kutha, kang banjur karebut lan enggal-enggal diobong.

Yusak 8