Yusak 8:1-9 Kitab Sutji (JAV)

1. Sawuse mangkono Sang Yehuwah ngandika marang Senapati Yusak: “Sira aja wedi lan semplah atinira, sakehe bala gawanen, tumuli samektaa, ngluruga menyang ing kutha Ai. Kawruhana, ratu ing Ai dalah para kawulane, kuthane lan nagarane padha Sunulungake ing tanganira.

2. Kutha Ai dalah saratune iku padha sira patrapana kaya dene kang wus sira trapake marang kutha Yerikho lan ratune, mung barang-barange lan rajakayane iku kena sira jarah. Sira barisa pendhem ana ing pungkurane kutha.”

3. Senapati Yusak tumuli siyaga dalah sakehe wadyabala, arep nglurug menyang kutha Ai, Sang Yusak milih wong telung puluh ewu, pahlawan-pahlawan kang gagah prakosa, iku padha dilakokake ing wayah bengi;

4. sarta padha didhawuhi mangkene: “Kawruhana kowe padha barisa pendhem ana ing pungkurane kutha lan nempuh kutha iku, aja nganti kadohan saka ing kutha sarta kabeh padha siyagaa.

5. Dene aku lan sakehe bala kang ndherek aku bakal padha nyedhaki kuthane, nuli samangsa wonge padha metu methukake aku kabeh kaya kang dhingin, aku bakal padha lumayu saka ing ngarepe.

6. Dadi wong-wong iku bakal padha metoni ngoyak aku kabeh, temah bakal dakpancing nganti adoh saka ing kutha, ujer bakal duwe pangucap: Wonge padha keplayu saka ing ngarep kita kaya sing uwis. Dene manawa aku padha lumayu saka ing ngarepe,

7. kowe tumuli padha menyata saka ing pandhelikanmu, kuthane brokana. Pangeran Yehuwah Gusti Allahmu mesthi bakal ngulungake marang ing tanganmu.

8. Dene sawise kuthane kokrayut, banjur obongen; kabeh iku padha tindakna ngetrepi dhawuhe Pangeran Yehuwah; gatekna, iku prentahku marang kowe.”

9. Kaya mangkono dhawuhe Sang Yusak marang wong-wong mau, banjur padha mangkat menyang pandhelikane ana ing antarane kutha Betel lan Ai, ing sakulone kutha Ai. Nanging ing wayah bengi iku Senapati Yusak nyare ana ing satengahe rakyat.

Yusak 8