Yusak 7:14-22 Kitab Sutji (JAV)

14. Sesuk esuk padha majua miturut talerira dhewe-dhewe, anadene taler kang bakal dituding dening Pangeran Yehuwah iku majua miturut gotrahe dhewe-dhewe, sarta gotrah kang bakal dituding dening Pangeran Yehuwah iku majua miturut kulawargane dhewe-dhewe. Sabanjure kulawarga kang katuding dening Sang Yehuwah iku wonge padha majua ijen-ijen.

15. Lan sing sapa bakal katuding, yen kanggonan barang sengkeran mau, iku kaobonga ing geni, awake dhewe dalah sabarang darbeke kabeh, amarga nerak prasetyane Sang Yehuwah lan nglakoni pangewan-ewan ana ing antarane wong Israel.”

16. Senapati Yusak tumuli wungu wayah bangun esuk, banjur nimbali wong Israel padha kadhawuhan maju miturut talere, dene kang dituding iku taler Yehuda.

17. Bareng gotrah-gotrahe Yehuda padha ditimbali maju, gotrahe Zerah kang tinemu. Gotrahe Zerah mau bareng ditimbali maju miturut kulawarga, kulawargane Zabdi kang tinemu.

18. Kulawargane iku bareng ditimbali maju wonge lanang ijen-ijen nuli kang tinemu Akhan, bin Karmi, bin Zabdi, bin Zerah panunggalane taler Yehuda.

19. Pangandikane Senapati Yusak marang Akhan: “Anakku ngger, saosa urmat marang Pangeran Yehuwah, Gusti Allahe Israel lan ngakua ana ing ngarsane; mara matura marang aku apa kang koklakoni, aja selak ana ing ngarepku!”

20. Akhan banjur mangsuli marang Senapati Yusak ature: “Saestu, kula damel dosa dhumateng Pangeran Yehuwah, Gusti Allahipun Israel, sabab makaten ingkang kula lampahi:

21. ing antawasipun barang jarahan punika kula tingali wonten jubahipun satunggal ingkang endah, damelan ing Sinear, sarta selaka kalih atus sekel, punapa dene jene salonjor ingkang wawratipun seket sekel; awit saking kepengin kula lajeng kula pendhet; lan barangipun sami kula dhelikaken wonten ing siti ing lebetipun kemah kula, selakanipun wonten ing ngandhap piyambak.”

22. Senapati Yusak banjur utusan uwong menyang ing kembah iku lan nyata barang-barange didhelikake ana ing kemahe Akhan, selakane ana ing ngisor dhewe.

Yusak 7